Sabtu, 14 Desember 2013 0 komentar

Contoh Teks Pembawa AcaraMaulid Nabi



Assalamu'alaikum wr wb
بسم الله الرحمن الر حيم #الحمدُ  لِلِه ا لَذِى اَرْسَلَ رَسُوْ لَهُ بِا لْهُدَ ى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِهَ وَلَوْكَرِهَ الْمُشْرِ كُوْنَ# اَشْهَدُاَنْ لآاِلَهَ اِ لَّاالله. وَاَشْهَدُ واَنَّ مُحَمَّدًارَسُولُ الله. اَللَّهُمَ صَلِ عَلَى مُحَمَّدٍ وَاَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ.#
Dumateng panjenenganipun poro ‘alim utawi poro ‘ulama alladzinahum miw wa rosatul ambiya ingkang kulo hormati. Wa bil khusus panjenenganipun Bpk KH............ ingkang kulo ajeng – ajeng barokah ‘ilmunipun ingkang kulo hormati. Panjenganipun Bpk Kepala Desa Gunungmujil inggih puniko Bpk Sunarko dalah perangkatipun ingkang kulo hormati.mandaping Bpk Ketua BPD, Bpk Ketua LKMD, Bpk Ketua RW, Bpk Ketua RT ingkang kulo hormati. Poro sepuh lan pini sepuh kakung soho putri ingkang kawulo bekteni. Poro bapak poro ibu dalah poro sederek remaja remaji muslimin muslimat ingkang dahat kinormatan.
            Keparengo langkung rumiyin ing mriki kulo ndere aken seagungeng poro bapak ibu remaja remaji muslimin muslimat, kagem ngunju’aken pujo dalah puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT Bi Qolina Alhamdulilah, ingkang sampun paring pinten – pinten kanungrahan dateng kito sedoyo. Arupi panjang umur dalah kesarasan soho tofiq hidayah. Sehinggo ing dinten lan wekdal puniko kulo saget pinanggihan kalian poro bapak poro ibu utawi poro sederek muslimin muslimat ing majlis ta’lim Mushola Baitul Jannah dalam rangka mengeti Milad Nabi Muhammad SAW. Selajengipun rahmat salam mugi tetep konjuk dumateng Nabi Muhammad SAW dumateng keluarga,sohabat lan dumadeng ingkang nderek dumateng beliau. Selajengipun dene kawulo ngadeg cumantoko ing ngarso panjenengan. Awit minangkani pamundut ipun panitia penyelenggara Milad Nabi Muhammad SAW. Kinen supados nglarapaken adicoro pengaosan dalam rangka mengeti wiosan ndalem Nabi agung muhammad SAW. Dene dapukaning adi coro pengaosan dalam mengeti Milad Nabi Agung Muhammad SAW ing dinten puniko ingkang ongko sepindah puniko
1.      Pembukaan
2.      Sambutan
a.       Sambutan Ketua Penyelenggara Bpak......
b.      Sambutan Kepala Desa Gunungmujil Bpak....
3.      Waosan Ayat – ayat Suci Al – Qur’an
4.      Mau’idlotul khasanah dalam rangka mengeti wiosan dalem Nabi Muhammad SAW. Ingkang bade di pun asto dening panjenenganipun almukarom Bpk KH...... saking...
5.      Do’a penutup 
Dumateng poro bapak ibu sederek sedoyo muslimin muslimat ingkang kulo hormati. Gandeng wekdal sampun sawetawis sonten. Pramilo adi coro demi acoro bade kawiwitan.
Dene acara ingkang kaping sepindah inggih puniko pembukaan kanti umul kitab. Monggo adi coro meniko kito bikak sareng – sareng liridloo illahi ta’ala alfatikhah.. mekaten pembukaan kanti umul kitab, mugio adi coro meniko awal dumugi purno mboten manggih pambengan punopo.
Dene ndungkap adicoro sa’lajengipun inggih puniko sambutan ketua panitia penyelenggara ingkang bade dipun asto deneng panjenenganipun Bpak...........  wekdal kulo caosaken. Mekaten sambutan ketua penyelenggara  ingkang nembe kaaturaken dening Bpak...
Dene ndungkap adi coro sa’lajengipun inggih puniko sambutan saking Bpk Kepala Desa Sunarko utawi sesulihipun dene sasono wicoro katur...     mekaten sanbutan saking Bpk Kepala Desa Kanti puniko kulo ngaturaken matur nuwun
Dene adi coro sa’lejengipun waosan ayat – ayat suci Al – Qur’an ingkang bade kaasto dening panjenenganipun.... wekdal kulo caosaken. mekaten waosan ayat – ayat suci al – qur’an ingkang di pun asto dening panjenenganipun ......   mugio pikantuk pahala khusus ingkang maos sumrambah ingkang midangetaken.
Dene ndungkap adi coro sa’lajengipun inggih puniko adi coro ingkang kito tenggo – tenggo utawi kito ajeng – ajeng , inggih puniko maungidlotul khasanah dalam rangka milad Nabi Muhammad SAW ingkang bade dipun asto deneng panjenenganipun Almukarom Bpk KH .... dipun lanjutaken  Do’a Penutup , Do’a penutup kulo aturaken panjenganipun Almukarom Bpk. KH.. namun saderengipun ing mriki kawulo selaku pranoto acoro mbok menawi wonten kelepatan kulo utawi atur ingkang mboten mranani penggalih panjenengan wusono kulo pungkas kupat kecemplung santen sedoyo lepat nyuwun pangapunten .. akhirul kalam... Wassalam....

Dene wekdal sa’lajengipun kulo caosaken dumateng almukarom Bpk KH... secekap ipun sumonggoh
 
;